Jumat, 07 Februari 2014

panganan khas kota Kebumen


LOTEK KEBUMEN

 

                Mbahas kota Kebumen kuwi ora ana ujunge, selain kota akeh sejarahe, ora kelalen nek kebumen kuwi nduweni sejuta panganan khas sing wis nyebar nang nusantara. Salah sijine sing arep dibahas yakui lotek . Lotek sing manggon nang ngarep kecamatan Jl. Kolonel Sugiono Kebumen kuwi selain murah, rasane uenak  dijamin bakal ketagihan. Nang kono ora mung dodol lotek, ana pecel rujak sing ora kalah enake.

                Tempate sing sempit ora njanka nek template kuwi resik, higienis lan dijamin halal. Pelanggane akeh lan rame sing tuku. Bahan-bahane  beda karo lotek  biasane. Bumbune sing khas digawe saka bumbu kacang   ndadekna wong sing mangan kuwi ketagihan. Ora mung disenengi  nang kalangan biasa, akeh TNI karo polisi mangan nang nggon kuwi nek agi waktu liren.

                Bumbu-bumbu mau kuwi digawe yen ana wong tuku banjur diuleg dewek nag ciri lan mutu, ana bawang,Lombok,uyah,kacang goreng, diuleg dadi siji teruse ditambahi banyu asem ngantek  kentel. Nek wis dadi, banjur disiramake nang lotek kuwi mau sing isine : 
1.kangkung
2.toge
3.so (mlinjo)
4.bayem
5.godong gandul
6.kembang turi
7.kecipir
8.karo kembang combrang
                 kuwi mau di godog, didadekaken dadi siji banjur ditum atik godong, disiram nganggo bumbu kacang mau.Dijamin uenakk  lan bakal ketagihan.
Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar